Sony Xperia Z5 Premium - Ngisi daya piranti

background image

Ngisi daya piranti

Tansah anggo pangisi daya Sony asli lan kabel USB sing digawe khusus kanggo model

Xperia™ tartamtu. Pangisi daya dan kabel liya bisa ningkatake wektu isi daya, ora ngisi daya

babar blas, utawa uga bisa ngrusak piranti. Pesthekake kabeh port lan konektor USB garing

banget, sadurunge nglebokake kabel USB.

Pangisi daya soket tembok bakal ngisi daya piranti luwih cepet tinimbang ngisi daya liwat

komputer. Sampeyan isih bisa nggunakake piranti nalika ngisi daya.
Yen baterei kothong, bisa merlokake nganti 30 menit supaya piranti nanggepi pangisian

daya. Nalika wektu iki, layar uga bisa tetep mati, ora nampilake lambang ngisi daya. Uga

elinga yen iki bisa merlokake nganti 4 jam kanggo baterei sing kothong kabeh supaya

bisa kebak.

Piranti nduweni baterei sing bisa diisi lan mung bisa digenti dening pusat reparasi Sony resmi.

Sampeyan aja nyoba mbukak utawa mbongkar piranti dhewe. Yen nindakake kuwi bisa

nyababake rusak lan mbatalake garansi.

Ngisi daya piranti

1

Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.

2

Tancepake kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB ing

komputer).

3

Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port USB mikro ing piranti, kanthi

simbol USB madhep munggah. Lampu kabar murup nalika pangisian daya

diwiwiti.

4

Sawise daya piranti diisi kebak, jabut kabel USB saka piranti kanthi narik metu. Aja

nganti nekuk konektor.

Mung gunakake pangisi daya sing disedhiyakake bareng piranti utawa pangisi daya Sony

liyane sing khusus digawe ngisi daya piranti.

Yen baterei kothong babar blas, perlu sawetara menit sadurunge lampu kabar urip lan

lambang ngisi daya muncul.

38

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Status lampu kabar baterei

Ijo

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih akeh saka 90%

Oranye

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih sithik saka 90%

Abang

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih sithik saka 15%