Sony Xperia Z5 Premium - Nggunakake piranti ing kahanan teles utawa bledug

background image

Nggunakake piranti ing kahanan teles utawa bledug

Piranti sampeyan anti banyu lan kajaga tumrap bledug, mulane ora susah kuatir yen

sampeyan kudanan utawa pengin ngumbah regedan ing ngisor kran, nanging eling:

kabeh port lan tutup sing nemplek kudu ditutup kanthi rapet. Sampeyan aja:

147

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

nyemplungake piranti ing jero banyu; utawa piranti nganti kena banyu segara, banyu

asin, banyu klorin, utawa cairan kayata omben-omben. Salah nganggo lan panggunaan

piranti sing ora sakmesthine bakal murungake garansi. Piranti nduweni nilai Ingress

Protection IP65/68. Kanggo katrangan salengkape deleng

www.sonymobile.com/

waterproof/

Palindhungan saka banyu lan bledug.

Garansi ora nyakup karusakan utawa cacat sing disebabake panggunaan salah utawa

ora sak mesthine, ora kaya patunjuk Sony Mobile. Kanggo katrangan salengkape bab

garansi, deleng nyang Katrangan penting sing bisa diakses liwat

support.sonymobile.com

utawa liwat

Setelan > Babagan telpon > Informasi hukum.

Piranti sampeyan duwe port USB tanpa tutup. Port USB kudu garing banget sadurunge

kabel bisa disambung, contone, kanggo ngisi daya utawa kirim data. Yen piranti kena

banyu, lap nganti garing nganggo kain mikrofiber lan goyang paling sethithik kaping 15

kanthi port USB madhep mengisor. Baleni yen banyu isih katon ing port USB. Lebokake

kabel USB menyang port USB mung nalika port wis garing temenan.

Nggaringake port USB

1

Nganggo kain miikrofiber, lap banyu saka piranti.

2

Cekel piranti kanthi rapet lan port USB madhep mengisor, banjur goyang piranti

kanthi kuat paling sethithik ping 15.

3

Yen banyu isih katon ing port USB, goyang maneh piranti.

4

Gunakake kain mikrofiber kanggo ngelap sisa embun ing port USB.

148

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.