Sony Xperia Z5 Premium - Wiwit maneh, mulihake, lan ndandani

background image

Wiwit maneh, mulihake, lan ndandani

Sampeyan bisa meksa piranti wiwit maneh utawa mati yen piranti ora fungsi utawa ora

wiwit maneh kaya lumrahe. Ora ana setelan utawa data pribadhi sing bakal kabusak.
Sampeyan bisa uga mulihake piranti menyang setelan asli pabrik. Tumindak iki kala-kala

perlu yen piranti mandheg fungsi kanthi bener, nanging elinga yen pengin nyimpen data

penting, sampeyan kudu pisanan gawe serep data iki menyang kertu memori utawa

memori non-internal. Kanggo informasi luwih lengkap, waca

Nggawe serep lan

mulihake isi

ing kaca 44.

Yen piranti ora bisa diuripake utawa pengin mulihake piranti lunak ing piranti, sampeyan

bisa nggunakake Xperia™ Companion kanggo ndandani piranti. Kanggo informasi luwih

lengkap babagan nggunakake Xperia™ Companion, deleng

Xperia™ Companion

ing

kaca 42.

Yen nganggo bareng piranti mawa pangguna akeh, sampeyan kudu mlebu minangka pamilik,

yaiku pangguna utama, kanggo mulihake piranti menyang setelan asli pabrik.

Miwiti maneh piranti

Piranti bisa ora bisa wiwit maneh yen baterei sithik. Sambungake piranti menyang pangisi daya

lan coba wiwit maneh.

1

Penet terus tombol daya .

2

Ing menu sing mbukak, tutul

Wiwiti maneh. Piranti wiwit maneh kanthi otomatis.

Meksa piranti supaya mati

1

Bukak tutup slot kertu SIM nano lan slot kertu memori.

2

Gunakake pucuk pena utawa obyek sing memper, penet terus tombol OFF nganti

sawetara detik.

3

Sawise piranti sampeyan ngetokake telung kedheran cepet, culake tombol OFF.

Piranti mati kanthi otomatis.

Aja nganggo barang landhep amarga bisa ngrusak tombol OFF.

Mulihake menyang setelan data pabrik

Sadurunge miwiti, pesthekake yen sampeyan gawe serep data wigati sing kesimpen ing

memori internal piranti menyang kertu memori utawa memori non internal liyane. Pamulihan

data pabrik bakal mbusk kabeh data saka panyimpenan internal piranti, lan sampeyan ora

bakal bisa ngakses file ing kartu SD sing dienkripsi maneh.

Supaya telpon ora rusak kanthi permanen, aja miwiti maneh telpon nalika lagi mroses prosedur

pamulihan.

146

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

1

Saka Layar Ngarepsampeyan, tutul lambang layar aplikasi .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Gawe serep & pamulihan > Reset data pabrik.

3

Tutul

Pulihake telpon.

4

Yen perlu, gambar pola bukak kunci layar sampeyan utawa tik sandhi bukak kunci

layar utawa PIN sampeyan yen arep nerusake.

5

Kanggo konfirmasi, tutul

Busak kabeh.

Piranti sampeyan orang balik menyang versi piranti lunak Android™ sadurunge nalike mulihake

data pabrik.

Yen sampeyan lali sandhi bukak kunci layar, PIN utawa pola, sampeyan bisa gunakake fitur

reparasi piranti ing aplikasi Xperia™ Companion ing mbusak lapisan keamanan. Sampeyan

kudu menehi rincian login akun Google kanggo nglakokake operasi ini. Kanthi nglakokake fitur

reparasi, sampeyan nginstal maneh piranti lunak kanggo piranti sampeyan lan bisa kelangan

sawetara data pribadhi nalika proses.

Ndandani piranti lunak piranti

Yen lali sandhi, PIN, utawa pola bukak kunci layar, sampeyan bisa nggunakake fitur

ndandani piranti ing Xperia™ Companion kanggo mbusak lapisan kaamanan. Sampeyan

kudu menehi rincian mlebu akun Google kanggo nglakokake operasi iki. Kanthi

nglakokake fitur ndandani, sampeyan nginstal maneh piranti lunak kanggo piranti lan bisa

kelangan sawetara data pribadhi nalika proses.
Yen ora bisa mateni piranti sadurunge nindakake ndandani piranti lunak, pateni kanthi

meksa.

Nalika nampa jeneng pangguna utawa sandhi akun Google™ anyar, sampeyan uga ora bisa

nggunakake kuwi kanggo mlebu lan mulihake piranti sasuwene 72 jam.

Ndandani piranti lunak nganggo Xperia™ Companion

Sadurunge ndandani piranti lunak, pesthekake yen sampeyan ngerti jeneng pangguna lan

sandhi akun Google™. Gumantung saka setelan kaamanan, sampeyan uga bisa perlu ngetik

kuwi kanggo ngawiti piranti sawise ndandani piranti lunak.

Yen piranti katon ora nanggepi, wiwit maneh bola-bali, utawa ora wiwit babar blas sawise

sampeyan nganyari piranti lunak Xperia™ utawa sawise sampeyan ndandani piranti

lunak utawa pamulihan data pabrik, coba peksa mateni piranti banjur uripake maneh.

Yen masalah isih ana, peksa mateni piranti banjur tindakake ndandani piranti lunak kanthi

nututi jangkah ing ngisor:

1

Pesthekake yen Xperia™ Companion wis diinstal ing PC utawa Mac

®

.

2

Bukak piranti lunak Xperia™ Companion ing komputer lan klik ing layar utama.

3

Tututi patunjuk sing muncul ing layar kanggo masang maneh piranti lunak lan

ngrampungake ndandani.