Sony Xperia Z5 Premium - Setelan kamera video

background image

Setelan kamera video

Nyetel setelan kamera video

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo milih

.

3

Kanggo nuduhake setelan, tutul .

4

Pilih setelan sing arep diatur, banjur owahana.

111

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ringkesan setelan kamera video

Pamilihan gambar

Fitur pamilihan gambar mitulungi sampeyan supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo

kahanan umum nggunakake gambar video sing wis diprogram dhisik. Saben setelan

gambar dirancang kanggo ngasilake video paling apik ing lingkungan rekaman khusus.

Otomatis

Pamilihan gambar iku otomatis.

Mati

Fitur pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa ngrekam video kanthi manual.

Potret alus

Gunakake kanggo ngrekam video sing latar mburine lembut.

Bawana

Gunakake kanggo video mujur. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

Gambar bengi

Yen diuripake, sensitivitas cahya bakal tambah. Gunakake ing lingkungan sing kurang cahya. Video

kanthi obyek sing obah cepet bisa uga burem. Jaga supaya tangan anteng, utawa gunakake

sangga. Pateni mode peteng yen kahanan cahya apik, kanggo nambah kwalitas video.

Pantai

Gunakake kanggo video sesawangan pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing lingkungan sing padhang supaya video ora kepadhangen.

Olahraga

Gunakake kanggo video sing obyeke obah cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem

amarga obah.

Pesta

Gunakake kanggo video ing njero kamar ing lingkungan sing surem. Sesawangan iki njupuk cahya

latar mburi njero kamar utawa cahya lilin. Video kanthi obyek sing obah cepet bisa uga burem. Jaga

supaya tangan anteng, utawa gunakake sangga.

Resolusi video

Setel resolusi video kanggo format sing beda.

Full HD (30 fps)

1920×1080(16:9)

Format full HD (Full High Definition) nganggo 30 fps lan rasio aspek 16:9.

Full HD (60 fps)

1920×1080(16:9)

Format full HD (Full High Definition) nganggo 60 fps lan rasio aspek 16:9.

HD

1280×720(16:9)

Format HD (High Definition) kanthi rasio aspek 16:9.

VGA

640×480(4:3)

Format VGA kanthi aspek rasio 4:3.

MMS

Rekam video sing cocog kanggo dikirim ing pesen multimedia. Wektu ngrekam kanggo format video iki

diwatesi supaya file video bisa pas karo pesen multimedia.

Ngrekam otomatis (video)

Uripake ngrekam otomatis kanggo njupuk gambar otomatis nalika ngrekam video. Kanthi

nggunakake fitur Smile Shutter™, kamera otomatis njupuk jepretan praupan mesem

nalika sampeyan terus ngrekam video.

112

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nguripake Smile Shutter™ (video)

1

Aktifake kamera.

2

Tutul .

3

Golek banjur tutul

Ngrekam otomatis (video) > Jepret Esem.

SteadyShot™

Nalika ngrekam video, bisa angel nyekeli piranti kanthi anteng. Stabiliser mbiyantu

sampeyan kanthi ngimbangi obahe tangan.

Intelligent aktif

Aktifake kanggo ngatasi kamera goyang sithik lan banter.

Standar

Aktifake kanggo mbusak kamera goyang sing frekwensine dhuwur.

Mati

Stabiliser dipateni.

Obor

Gunakake obor kanggo nyedhiyakake cahya kanggo video nalika kahanan cahya surem

utawa yen ana cahya saka mburi. Lambang lampu kilat video mung kasedhiya ing

layar kamera video. Elinga yen kadang, kwalitas video bisa luwih apik tanpa lampu,

sanajan kahanan cahya surem.

Aktif

Mati

Informasi dhukungan Kamera Luwih Lanjut

Gunakake menu Pitulung kanggo nlusuri uji gegayut kamera lan informasi liya sing

migunani. Kanggo ngakses dhukungan, tututi jangkah-jangkah ing ngisor.

1

Bukak aplikasi kamera.

2

Tutul , banjur tutul

Liyane > Pitulung.

113

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.