Sony Xperia Z5 Premium - Ngilonake layar piranti kanthi nirkabel ing TV

background image

Ngilonake layar piranti kanthi nirkabel ing TV

Sampeyan bisa nggunakake fitur Pangilonan layar kanggo nuduhake layar piranti ing TV

utawa layar sing amba tanpa nganggo sambungan kabel. Teknologi Wi-Fi Direct™

nggawe sambungan nirkabel antarane rong piranti, supaya sampeyan bisa nglaras

nyengsemi foto-foto kasenengan sinambi sante. Sampeyan uga bisa nggunakake fitur iki

kanggo ngrungokake lagu saka piranti liwat spiker TV.

Nalika nggunakake Pangilonan layar, kwalitas gambar kala-kala bisa kena pengaruh negatif

yen ana gangguan saka jaringan Wi-Fi liyane.

123

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngilonake layar piranti menyang layar TV

1

TV: Tututi patunjuk ing Pandhuan pangguna TV kanggo nguripake fungsi

Pangilonan layar.

2

Piranti sampeyan: Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Sambungan piranti > Pangilonan layar.

4

Tutul

WIWIT.

5

Tutul

OK banjur pilih salah siji piranti.

TV kudu ndhukung Pangilonan layar adedhasar Wi-Fi CERTIFIED Miracast

supaya fungsi

bisa mlaku. Yen TV ora ndhukung Pangilonan layar, sampeyan prelu tuku adaptor layar

nirkabel dhewe. Saliyane kuwi, nalika nganggo Pangilonan layar, aja nutupi area antena Wi-Fi

ing piranti.

Ngendheg pangilonan layar antarane piranti

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Sambungan piranti > Pangilonan layar.

3

Tutul

Pedhot, banjur tutul OK.