Sony Xperia Z5 Premium - Akun pangguna akeh

background image

Akun pangguna akeh

Piranti sampeyan ndhukung akun pangguna akeh supaya pangguna liyane bisa login

dhewe-dhewe menyang piranti banjur nggunakake. Akun pangguna akeh cocog kanggo

kahanan yen sampeyan nganggo bareng piranti sing padha karo wong liya utawa

nyilihake piranti menyang wong kanggo digunakake sementara. Pangguna sing

sepisanan ngatur wiwitan piranti dadi pamilik piranti. Mung pamilik sing bisa ngatur akun

pangguna liyane. Sakliyane akun pemilik, ana rong jinis akun sing beda:

Pangguna Reguler: Jinis akun iki cocog kanggo wong sing biasane nganggo piranti

sampeyan.

Pangguna Tamu: Ngidini opsi akun tamu kanggo wong sing mung pengin nganggo

piranti sampeyan sementara.

Sawetara fitur mung kasedhiya kanggo pamilik. Misale, mung pangguna sing bisa ngidini

undhuhan sama sumber sakliyane Google Play™.

Babagan akun Pangguna Reguler

Kanthi nambah akun Pangguna Reguler, sampeyan bisa ngidini akeh pangguna nduweni

maneka layar ngarep, wallpaper, lan setelan umum sing beda-beda. Kabeh pangguna

kasebut uga entuk akses dhewe-dhewe menyang aplikasi lan panyimpenan memori

kanggo file kayata musik lan foto. Sampeyan bisa nambahake telung akun pangguna

reguler ing piranti.

Nambahake akun pangguna reguler

1

Pesthekake yen sampeyan mlebu minangka pamilik, yaiku, pangguna sing nyetel

piranti saka kawitan.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna > Tambah pangguna.

4

Tutul

OK. Akun anyar wis digawe.

5

Pilih saka pilihan ing ngisor:

1

Tutul

SETEL SAIKI. Kunci layar lan lambang sing makili pangguna anyar sing

lagi wae ditambahake katon ing pojok tengen dhuwur.

2

Yen sampeyan nggawe akun kanggo wong liya lan saiki dheweke ora ana karo

sampeyan, sampeyan bisa nutul

ORA SAIKI. Nalika pangguna wis siyap,

dheweke bisa milih

Pangguna ing ngisore Setelan lan ndeleng akun anyar,

sing katon minangka

Pangguna anyar. Tutul wae akun lan tututi patunjuk

kanggo ngrampungake penyetelan.

6

Bukak kunci layar kanthi ngusap munggah.

7

Tututi patunjuk ing layar kanggo nyetel wiwitan akun pangguna.

Sampeyan uga bisa nambahake akun pangguna biyasa saka garis status sembarang layar.

Seret wae garis status mengisor nganggo rong driji lan tutul lambang pangguna, banjur tutul

Tambah pangguna.

Ngidini pangguna reguler nelpon lan nggunakake SMS

1

Pesthekake sampeyan login minangka pamilik.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere pangguna sing cocog, banjur seret panggeser ing jejere

Uripake

telpon & SMS menyang tengen.

Mbusak akun pangguna reguler saka piranti

1

Pesthekake sampeyan mlebu minangka pamilik.

2

Saka

Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere jeneng pangguna sing arep dibusak, banjur tutul

Busak

pangguna > Busak.

67

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Babagan akun Pangguna Tamu

Yen ana sing pengin nganggo piranti sampeyan sementara, sampeyan bisa ngaktifake

akun tamu kanggo pangguna iki. Ing mode tamu, piranti sampeyan diwiwiti kaya sistem

sing anyar diinstal mung ditambah aplikasi sing wis diinstal sadurunge. Yen tamu wis

rampung nganggo piranti, sampeyan bisa mbusak sesi kasebut nganti resik supaya tamu

sawise bisa miwiti kanthi seger. Akun pangguna tamu wis diinstal sadurunge lan ora bisa

dibusak.

Ngaktifake akun pangguna tamu

1

Pesthekake yen sampeyan wis login minangka pamilik, yaiku, pangguna sing

sepisanan ngatur wiwitan piranti.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna > Tamu.

Sampeyan uga bisa ngaktifake akun pangguna tamu saka garis status ing layar ngendi wae.

Seret wae garis status mengisor nganggo rong driji lan tutul lambang pangguna, banjur tutul

Tambah tamu.

Ngidini pangguna tamu nelpon

1

Pesthekake sampeyan login minangka pamilik.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere

Tamu, banjur seret panggeser ing jejere Uripake telpon

menyang tengen.

Mbusak data sesi tamu

1

Pesthekake sampeyan mlebu nyang akun tamu.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Golek banjur tutul

Busak tamu.

5

Tutul

Busak.

Sampeyan uga bisa ngresiki sesi tamu saka garis status ing layar apa wae minangka

sampeyan mlebu nyang akun tamu. Seret wae garis status mengisor nganggo rong driji lan

tutul lambang pangguna, banjur tutul

Busak tamu.

Ngalih antara akeh akun pangguna

Ngoper antarane akun pangguna akeh

1

Kanggo deleng dhaftar pangguna, seret garis status mudhun nganggo driji loro,

banjur tutul lambang pangguna ing sisih tengen dhuwur layar.

2

Tutul lambang sing makili akun pangguna sing arep dioper. Layar ngunci akun

pangguna kasebut katon.

Yen ngalih menyang akun tamu, tutul

Wiwiti maneh yen pengin mbusak sesi sadurunge utawa

tutul

Ya, terusake kanggo nerusake sesi sadurunge.

Setelan akun pangguna akeh

Ana telung jinis setelan ing piranti mawa pangguna akeh:

Setelan sing bisa digenti karo kabeh pangguna lan mengaruhi kabeh pangguna. Contone

basa, Wi-Fi®, Wi-Fi, mode Pesawat, NFC, lan Bluetooth®.

Setelan sing mung mengaruhi siji akun pangguna. Contone panylarasan data otomatis,

kunci layar, maneka akun sing ditambahake, lan wallpaper.

Setelan sing mung bisa dideleng pamilik lan mengaruhi kabeh pangguna, misale, setelan

VPN.

68

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.