Sony Xperia Z5 Premium - Ngakses setelan

background image

Ngakses setelan

Deleng lan ganti setelan piranti saka menu Setelan. Menu Setelan bisa diakses saka layar

Aplikasi lan panel setelan Cepet.

Mbukak menu setelan piranti saka layar Aplikasi

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan.

Ndeleng informasi babagan piranti

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Babagan telpon.

Ngaktifake layar nganggo mode Tutul kanggo nggugah

1

Pesthekake mode Tutul kanggo nggugah wis diuripake. Kanggo nguripake, tutul

Setelan > Tampilan, banjur seret panggeser ing jejere Tutul kanggo nggugah

menyang tengen.

2

Tutul layar ping pindho.

Mbukak utawa nutup panel Setelan cepet

Kanggo mbukak panel Setelan cepet, seret garis status mudhun.

Kanggo mbukak panel Setelan cepet, seret garis status mudhun nganggo rong driji.

Nguripake Torch

1

Seret mudhun garis status nganggo driji loro.

2

Tutul .

Milih setelan sing dituduhake ing panel Setelan cepet

1

Nganggo driji loro, seret mudhun kabeh garis status, banjur tutul

Owahi.

2

Ing bageyan ngisor layar, tutul terus lambang kanggo setelan cepet sing arep

ditambahake, banjur seret lan selehake lambang ing sisih ndhuwur layar.

Nata maneh panel Setelan cepet

1

Seret mudhun kabeh garis status, banjur tutul

Owahi.

2

Demek terus lambang, banjur pindhahen menyang posisi sing dikarepake.